Tlaga Poso

Tlaga Poso

Tlaga Poso punika tlaga ingkang mapan wonten ing Provinsi Sulawesi Tengah, Indonésia mliginipun ing Kabupatèn Poso. Tlaga punika kalebet tlaga ingkang paling ageng nomer tiga ing Indonésia kanthi dawa 32 kilomèter, lebar 16 kilomèter lan kedalaman punika kirang langkung 360 mèter ing sisih kidul lan 510 mèter ing sisih lor [1]. Tlaga Poso punika wonten ing Kacamatan Pamona kanthi kutha krajan Tentena. Tlaga Poso punika mapan wonten ing rute jalur utama saking Toraja ing sisih kidul, Gorontalo lan Manado ing sisih lor [2]. Tlaga Poso punika mapan ing inggil 657 mèter lan kalebet salah satunggaling tlaga éndah kanthi pasir putih ingkang wonten ing pinggiring tlaga dumugi ing tlaga-tlaganipun.

Ing Tlaga punika wonten keunikan ingkang saged dipunnikmati déning para wisatawan kadosta iwak Mujaèr, Nilam, lélé, iwak mas lan sanès-sanèsipun. Nanging ingkang paling unik punika Iwak Sugili ingkang sapunika populasinipun badhé cures. Punahing populasi ulam Sigili punika awit saking langkung kathahipun penduduk lan ugi amargi wontenin pembangunan Mega Proyek PLTA Sulewana ingkang gadhah perang ageng medhot mata rantai pangembangbiakan ulam ingkang langka punika.

  1. [1] Archived 2014-07-18 at the Wayback Machine., (id) Danau Poso (dipun-akses tanggal 25 Dhésèmber 2012).
  2. [2], (id) Danau Poso (dipun-akses tanggal 25 Dhésèmber 2012).

© MMXXIII Rich X Search. We shall prevail. All rights reserved. Rich X Search